Rabu, 14 Mei 2025

Kidungan Tema Pendidikan 9A

 Kelompok 8 9A :

1. Ahmad Multazzam A. (01)

2. Bagas Tri Mukti (08)

3. Davis Marlyn F. (11)

4. Gio Adi Pratama (13)                                                        


 Kidung 2 larik

1. Mlaku - mlaku karo saka

    Ayo pada sinau matematika

2. Nak Bali numpak prau

    Aja lali sregep sinau

3. Tuku buku karo ngombe es

    Sinau sregep ben dadi sukses

4. Tuku tahu tuku tempe

    Ayo sregep sinau ben ora ngerugeke

5. Menyang pasar tuku jamu

    Ayo pada nggolek ilmu

6. Nang kebun nanduri biji

    Pendidikan iku nomer siji

7. Ngasah lading nganthi landhep

    Ayo sinau sing sregep

8. Tuku kopi nang janji jiwa

    ayo pada sinau basa jawa

9. Nang pasar tuku sagu

    Yen dadi sukses kudu sinau

10. Tangi turu sikil kaku

      Ayo kanca maca buku


Kidung 4 larik

1. Nang pasar tuku es

    Balik omah naik prau

    Yen pengen dadi sukses

    Kudu sregep sinau

2. Nang jepang ana salju

    ing pasar tuku palu

    Yen pengen uripmu maju

    Aja males sinau, kudu semangat slalu                   

3. Wit randu ana ing sawah

    Kembang mekar dipangan kebo

    Sekolah aja mung golek ijazah

    Ilmu lan budi pekerti kudu dicontoh

4. Bocah cilik dolanan bal,

    Banjur ambruk dadi lara.

    Yen sekolah kudu tekun lan total,

    Ben dadi wong pinter lan migunani negara.

5. Mangan sega karo iwak lele,

    Ditambah sambel pedes tenan.    

    Guru kuwi pahlawan sejati ora sele,

    Ngajar tanpa pamrih, tulus lan sabaran.

6. Ana lintang ing langit peteng,

    Ngedepi wengi tanpa wedi.

    Pendidikan kudu digawe penting,

    Amarga kunci masa depan sejati.

7. Ngombe kopi nganggo gula jawa,

    Rasane legi nambah semangat.

    Yen sekolah kudu jujur lan setya,

    Ilmu entuk, akhlak uga kuat.

8. Mbok Yem masak ing pawon,

    Masake enak ora keri.

    Sekolah dudu mung gawe capek lan kesel,

    Tapi mbukak lawang ngimpi lan prestasi.

9. Ana layangan mabur dhuwur,

    Ning langit biru nari-nari.

    Bocah sekolah kudu nduweni luhur,

    Ngormati guru lan ngajeni dhiri.

10. Tuku jajan karo mbak-mbak,

    Disambut mesem manis banget.

    Sekolah kuwi ora mung perkara angka,

    Nanging mbentuk watak lan semangat.


Kidungan Tema Pendidikan 9A

  Kelompok 8 9A : 1. Ahmad Multazzam A. (01) 2. Bagas Tri Mukti (08) 3. Davis Marlyn F. (11) 4. Gio Adi Pratama (13)                        ...